Saben tembang duwe sasmiata dhewe-dhewe. Mungguh
dununge iku ora mesthi. Ana kang manhhon ana gatra wiwitan, manggon ana gatra
pungkasan, lan sapiturute.
1. Tembang Pocung, disasmitani tembang pocung, cung,
wohing, kluwak, lan sapiturute.
2. Maskumambang , disasmitani nganggo tembung
kumambang , kambang-kambang, mas kenthir ing warih, lan sapiturute.
3. Mijil, dissmitani nganggo tembung mijil, wiyos,
rasarati, wurya, wedhar.
4. Kinanthi, disasmitani nganggo tembung kanthi,
kinanthi.
5. Durma, disasmitani nganggo tembung undur, mundur,
dur.
6. Asmaradana, disasmitani nganggo tembung asmara,
kasmaran, brangta, brangti, kingkin, sengsem, lan sapiturute.
7. Sinom, disasmitani nganggo tembung sinom, anom,
taruna, srinata, ron kamal, pangrawit, logondhang, weni, anjani putra, mudha.
8. Pangkur, disasmitani nganggo tembung kur,
kapungkur, wuri, wuntat, judakenaka.
9. Dhandanggula, disasmitani nganggo tembung sarkana,
manis, madu, hartati, gul drawa, dhandhang, kagakkresna.
10. Gambuh, disasmitani nganggo tembung gambuh, mbuh, lan
sapiturute.
11. Megatruh, disasmitani nganggo tembung megat,
truhanduduk, pegat.
12. Jurudemung, disasmitani nganggo tembung jurudemung
sarpa kresna.
13. Wirongrong, disasmitani nganggo tembung
wirangrong, lan ssapiturute.
No comments:
Post a Comment