Wednesday, March 27, 2013

SASMITANING TEMBUNG



Saben tembang duwe sasmiata dhewe-dhewe. Mungguh dununge iku ora mesthi. Ana kang manhhon ana gatra wiwitan, manggon ana gatra pungkasan, lan sapiturute.
1.      Tembang Pocung, disasmitani tembang pocung, cung, wohing, kluwak, lan sapiturute.
2.      Maskumambang , disasmitani nganggo tembung kumambang , kambang-kambang, mas kenthir ing warih, lan sapiturute.

TEMBUNG RANGKEP


Yaiku tembung kang dibaleni pakecapane.
Tembung rangkep keperang dadi ngisor iki.
a.      Dwi Purwa
Tembung kang wanda purwane dibaleni pakecapane
Tuladha          :           sesuluh                       = ( su + suluh )
                                    pepadhang                 = ( pa + padang )
                                    lelunga                        = ( lu + lunga )
b.     Dwi Lingga
1.      Dwilingga wantah : tembung lingga kang dibaleni pakecapane, tanpa ana owah-owahane pakecapane.
Tuladha          :           bocah-bocah
                                    omah-omah
                                    lurah-lurah
2.      Dwilingga salin swara : tembung kang dibaleni pakecapane nanging ana owah-owahane pakecapane.
Tuladha          :           mongan-mangan       < mangan
                                    wira-wiri                    < wiri
                                    rena-rene                   < rene
3.      Dwilingga semu :wujude yaiku kaya tembung rangkep nanging sejatine dudu.
Tuladha          :           kolang-kaling
                                    ali-ali
                                    ugel-ugel
c.      Dwiwasana
Wujude saka tembung lingga wandane sing mburi, diunekake kaping pindho.
Tuladha          :           dedhug + dhug          = mbedhudhug
                                    jelat + at                     = jelalat
                                    cekik + kik                  = cekikik

Monday, March 18, 2013


Surat ( Layang )

Perangane layang
1.     Titi mangsa
2.     Adangiyah
3.     Purwaka basa
4.     Surasa basa
5.     Wasana basa
6.     Peprenahan
7.     Tandha tangan
8.    Nama terang

Tuladha
Boyolali, 16 Maret 2013
Serat Mugi Katur
Panjenenganipun Pak Dhe Joko
Ing Solo

Assalamualaikum wr. Wb.
Kanthi serat punika kula nyaosi uninga bilih kawontenan kula sakulawarga tansah ginanjar wilujeng deneng Gusti Allah, mugi mugi Pak Dhe sakulawarga ugi makaten amin.
Kajawi saking punika Pak Dhe, kula ngaturi uniga ing mbok bilih wonten alanagan satunggal punapa kula sakulawarga benjing   dinten Setu, 23 Maret 2013 badhe sowan Pak Dhe, ngiras pantes badhe piknik dhateng Jurug sekaliyan Kraton.
Cekap semanten mugi-mugi ndadosaken kawuning . mbok bilih wonten lepatipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb.
Ingkang ponakan



Kusuma Wardani
 

Parikan


Parikan yaiku unen-unen kang nganggo wewaton kaya ing ngisor iki :
·        Kadadean saka rong ukara
·        Saben sakukara kadadeyan rong gatra
·        Nggunakake purwakanthi swara
·        Ukara sepisan minangka pambuka , ukara kapindho isine


Tuladha :
Tawon madu ngisep sekar
Golek ilmu kudu sabar

Nandur bayem ngisor ringin
Ayem tentrem lair batin

Nyangking ember kiwa tengen
 lungguh jejer tamba kangen