Monday, March 18, 2013


Surat ( Layang )

Perangane layang
1.     Titi mangsa
2.     Adangiyah
3.     Purwaka basa
4.     Surasa basa
5.     Wasana basa
6.     Peprenahan
7.     Tandha tangan
8.    Nama terang

Tuladha
Boyolali, 16 Maret 2013
Serat Mugi Katur
Panjenenganipun Pak Dhe Joko
Ing Solo

Assalamualaikum wr. Wb.
Kanthi serat punika kula nyaosi uninga bilih kawontenan kula sakulawarga tansah ginanjar wilujeng deneng Gusti Allah, mugi mugi Pak Dhe sakulawarga ugi makaten amin.
Kajawi saking punika Pak Dhe, kula ngaturi uniga ing mbok bilih wonten alanagan satunggal punapa kula sakulawarga benjing   dinten Setu, 23 Maret 2013 badhe sowan Pak Dhe, ngiras pantes badhe piknik dhateng Jurug sekaliyan Kraton.
Cekap semanten mugi-mugi ndadosaken kawuning . mbok bilih wonten lepatipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb.
Ingkang ponakan



Kusuma Wardani
 

No comments: