Sunday, May 19, 2013

Tembang Macapat



a.      Katrangan
Tembang iku klebu basa Jawa ngoko, kramane sekar. Tembang utawa sekar iku wohing kagunan basa kang edi lan endah, arupa ikataning tembng kang kacencang wewaton tartamtu yaiku lagu. Pancen tembang iku mujudake ikataning karangan kanthi lelagon. Jer wewatone tembang kuwi kang baku kudu nggatekake treping tembung murih larasing lagu.
Bedane tembang macapat lan geguritan
Tembang macapat nggunakake pathokan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Dene geguritan tanpa nggunakake pathokan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, nanging nggunakake pathokan pamilihe tembung kang mentes lan endah.
Paugerane tembang macapat yaiku :
a.      Guru gatra yaiku cacahing gatra/larikan saben sapada ing tembang macapat.
b.     Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra (nyuwara vokal ).
c.      Guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku  kata saben sagatra ing tembang macapat.
Menggah asal usulmenepa werdinipun sekar macapat dumugi samenika tasih dereng gumathok. Pemanggihipun para winasis satunggal , saha setunggalipun mboten sami wonten pemanggih bilih sekar macapat menika anggadhahi teges :
a.      Tangga desa kang ngubengi tegesipun kesambrah tuwin kalimrah ing masarakat inggih menika tangga sisih wetan, kidul, kilen, saha sisih ler.
b.     Tembang macapat dumadi saking tembung manca, tegesipun lima kaliyan tembung pat, wancahan sakinng tembung repat; tegesipun kumpul (kempal-kempak). Amargi wewaton baku tumrapipun sekar macapat menika adhedhasar suwara lima : inggih menika nglenggena, suku, wulu, taling, taling tarung.
c.      Macapat dumadi saka tembung maca, tegesipun maos utawi nglagokaken, lan tembung pat. Saking mingseding tembung mat, wancahan saking nikmat, tegesipun sekeca sanget utawi kraos saestu. Dados mengku pikajeng remen maos kanthi sekece kebak ing pangraos.
d.     Tembang macapat dumadi saking tembung maca lan pat, mingsed dados mat; asal saking basa walandi ateges wirama, metrum utawi tembang. Dados anggadhahi teges maos kanthi wirama ngangge metrum utawi nembang.
e.      Macapat dumadi saka ater-ater ma-  lan tembung lingga capat. Ingkang wonten “gegayutanipun kaliyan tembung capet (capet-capet), tegesipun rada kelingan “lupa-lupa ingat”

No comments: