Wednesday, March 27, 2013

SASMITANING TEMBUNG



Saben tembang duwe sasmiata dhewe-dhewe. Mungguh dununge iku ora mesthi. Ana kang manhhon ana gatra wiwitan, manggon ana gatra pungkasan, lan sapiturute.
1.      Tembang Pocung, disasmitani tembang pocung, cung, wohing, kluwak, lan sapiturute.
2.      Maskumambang , disasmitani nganggo tembung kumambang , kambang-kambang, mas kenthir ing warih, lan sapiturute.

3.      Mijil, dissmitani nganggo tembung mijil, wiyos, rasarati, wurya, wedhar.
4.      Kinanthi, disasmitani nganggo tembung kanthi, kinanthi.
5.      Durma, disasmitani nganggo tembung undur, mundur, dur.
6.      Asmaradana, disasmitani nganggo tembung asmara, kasmaran, brangta, brangti, kingkin, sengsem, lan sapiturute.
7.      Sinom, disasmitani nganggo tembung sinom, anom, taruna, srinata, ron kamal, pangrawit, logondhang, weni, anjani putra, mudha.
8.      Pangkur, disasmitani nganggo tembung kur, kapungkur, wuri, wuntat, judakenaka.
9.      Dhandanggula, disasmitani nganggo tembung sarkana, manis, madu, hartati, gul drawa, dhandhang, kagakkresna.
10. Gambuh, disasmitani nganggo tembung gambuh, mbuh, lan sapiturute.
11. Megatruh, disasmitani nganggo tembung megat, truhanduduk, pegat.
12. Jurudemung, disasmitani nganggo tembung jurudemung sarpa kresna.
13. Wirongrong, disasmitani nganggo tembung wirangrong, lan ssapiturute.

No comments: